Fr, 2024.03.29, 12.57

ngeblogoblogoblogan

Main | Registration | Login
Welcome Guest
RSS
Mini chat
200
Statistics

Total online: 1
Guests: 1
Users: 0
Track Block
Digital Tracker
Respect
free counters Page copy protected against web site content infringement by Copyscape
Search in Respati
Search in Google
GooTrans
Site friends
  • Alumni STIBA/ABA Malang
  • Caruban Internet Cafe
  • Web Asal Coret
  • Jack's Wordpress
  • Trinil Cyber Media
  • Personal Weblog
  • Javanese Culture
  • Public Photo Albums
  • My Facebook
  • Hanya KiTa
  • Login form
    This is
    IP
    Tag cloud
    sikap JAVA busana jawa hantu dunia Ghost makhluk halus Empu mpu gamelan me nephe malang STIBA java blade pasuruan kris Married mantu pengantin bromo mountain Pandangan Hidup Jawa antique Guitar kuno Music room forever culture east java friend religi adat coffe home House rizki rumah tea ruwatan garden pool name President girlfreind Moslem Girlfriends mommy girl making love Monoteism jawa Fonts memoria Friendship never dies... Babad Babat shadow puppet bharathayudha Kill Bill GAIB ghoib risky rizky darmagandhul Knight skills respati memories gatholoco wayang indonesia merdeka kamasutra seks hiking Budaya kejawen riski qur'an quran surat Heroes 3gp bokep waterfall danang doa mantra qulhu geni keris Apple nama Cute smile Rizki Yuwono Paranormal sisters Pardi Raka Indonesia

    Article


    Main » Articles » Charlatan

    AL FAATIHAH (BEBUKA)
    Surat kaping 1 : 7 ayat
    (Umuruning wahyu ana ing Mekkah, tumurun sawuse surat Al-Muddatstsir)

    Bahasa Arab
    1. Bismillahir rahmaanir rahim
    2. Alhamdu lillaahi rabbil ‘aalamiin
    3. Arrahmanir rahiim
    4. Maaliki yaumid diin
    5. Yyaaka na’budu wa iyyaaka nasta’in
    6. Ihdinash shiraathal mustaqiim
    7. Shiraathal ladziina an’amta ‘alaihim, ghairil maghdhuubi ‘alaihim waladl dlaal-liin

    Bahasa Jawa
    1. Kalawan asma Allah kang Maha Murah ugi Maha Asih.
    2. Kabeh pangalembana kagunganing Allah Pangeran, Sesembahaning alam jagadrat pramudita.
    3. Kang Maha Murah Maha Asih.
    4. Kang Ngratoni ing dina Piwelas.
    5. Namung dhumateng Paduka piyambak kita sami menembah ibadah, saha namung dhumateng Paduka piyambak kita sami anyenyadhong pitulungan.
    6. Dhuh Gusti Allah, mugi Paduka paring pitedah ing kita sadaya lumampah wonten ing margi ingkang leres.
    7. Inggih punika margi, Agaminipun para tetiyang ingkang sampun Paduka paringi kani’matan, sanes ingkang sami kabendon, tuwin sanes ingkang sami sasar.

    Isi maksud ingkang wigatos ing Surat Al-Faatihah :
    Intisari saking isinipun Al-Quraan punika sampun kaweca pokok-pokok ingkang fundamentil wonten salebeting Surat Al Faatihah, kados kasebut ing ngandhap punika :

    1. Bab ‘aqaid utawi kaimanan: punika kuwajiban ingkang wiwitan kaampil, ingkang dipun da’wahaken dening junjungan kita Nabi Muhammad S.A.W, makaten ugi dening para andika Rasul saderengipun. Ingkang baku inggih punika aqidah-tauhid (memundhi saha mangeran namung dhumateng Panjenanganipun Allah piyambak) Aqidah-tauhid wau dados jejering piwucal Agami, sadaya para andika Nabi Utusaning Allah kautus ngampil tugas-pokok mbangun Tauhid ing Allah, sarta ngrebahaken sadaya kamusyrikan, ugi ngajak Ummatipun supados samia ibadah (manembah) ing Allah piyambak, lan nilar sadaya brahalanipun.

    2. Ibadah: utawi ngumawula lan manembah ing Allah, ingkang kuwajiban sadaya titah, langkung-langkung manungsa (sabab manungsa punika makhluk ingkang saged damel kabudayan wonten ing alam donya). Ingkang baku wonten sekawan, inggih punika: Shalat, Zakat, Shiyam lan kesah Haji. Saking ingkang baku kasebut, lajeng tuwuh ibadah memuji, ndedonga, dzikir lan tafakkur utawi I’tikaf ing masjid. Saking zakat lajeng tuwuh ibadah qurban sidqah, weweweh lan tetulung ing sasaminipun, lan saking Shiyam tuwuh watak Wira’I 9 mboten ndremis lan mboten kathah sesambat sumingkir saking ingkang nama lelangkungan (gesang prasaja). Lajeng saking Haji tuwuh semangat ambelani sarta labuh ing agami.

    3. Angger- angger Hukum lan Pernatan- pernatan: maksudipun Syari’at Islam damel angger-angger hukum lan pranatan punika kangge karaharjaning ummat manungsa ing Donya dumugi ing Akheratipun. Pramila ing salebeting Qur’an ngemot pinten-pinten norma lan katamtuwan, upami hukum, politik, tatanagari, sosial, ekonomi, perang, dahme, sesambetan internasional, kabudayan sarta kesenian, agami, sesambetaning manungsa kaliyan Allah, lan lingkungan sapiturutipun.

    4. Janji sarta ancaman: artosipun supados ngadeg keadilan lan keleresan ingkang saestu, sanajan wonten donya saged lolos saking hukuman, nanging wonten ngarsaning Allah ing dinten qiyamat tamtu mboten saged lolos malih.

    5. Sejarah: maksudipun ingkang saged dados tepa-palupi ing salebeting sesrawungan ummat manungsa, sampun ngantos damel sejarah awon, gesang sapisan wonten ing alam donya.

    AYAT KURSI
    Allahu laa ilaaha illaa huwal-hayyul qayyuumu laa ta’khudzuhuu sinatuw wa laa nauum, lahuu maa fis-samaawaati wa maa fil ardhi man dzal-ladzii yasyfa’u ‘indahuu illaa bi-idznihii ya’lamu maa baina aidiihim wamaa khalfahum, walaa yuhiithuuna bisyai-im min ‘ilmihii illaa bimaa syaa-a wasi’a kursiyyu hus-samaawaati wal-ardha walaa ya-uuduhuu hif zhuhumaa wa huwal ‘aliyyul ‘azhiim.

    Allah ora ana Pangeran kang sinembah kajaba mung Panjenengane piyambak kang Sugeng sarta kang Jumeneng Pribadi, Allah iku ora kataman ngantuk lan ora kataman sare, Kagungane ALLAH samubarang kang ana ing langit lan samubarang kang ana ing bumi. Ora ana kang bisa aweh syafa’at ana ing ngarsaning Allah, kajaba manawa oleh palilahe.

    Allah iku Ngawuningani samubarang kang ana ing ngarep lan saburine wong-wong mau, dheweke mau ora ana kang padha bisa nglimputi sathithik bahe saka ilmune ALLAH, kajaba barang kang dadi kaparenging Karsane. Jembare kursine Allah iku amot langit lan bumi, panjenengane ora rekaos anggone rumeksa ing sakarone langit lan bumi, lan Panjenengane Allah iku Maha Luhur tur Maha Agung. (QS. Al Baqarah:255).

    Category: Charlatan | Added by: respati (2009.06.18) | Author: riski
    Views: 1016 | Tags: quran, qur'an, surat | Rating: 0.0/0
    Total comments: 0
    Only registered users can add comments.
    [ Registration | Login ]
    Copyright Alamalam © 2024