Fr, 2024.04.26, 01.42

ngeblogoblogoblogan

Main | Registration | Login
Welcome Guest
RSS
Mini chat
200
Statistics

Total online: 1
Guests: 1
Users: 0
Track Block
Digital Tracker
Respect
free counters Page copy protected against web site content infringement by Copyscape
Search in Respati
Search in Google
GooTrans
Site friends
  • Alumni STIBA/ABA Malang
  • Caruban Internet Cafe
  • Web Asal Coret
  • Jack's Wordpress
  • Trinil Cyber Media
  • Personal Weblog
  • Javanese Culture
  • Public Photo Albums
  • My Facebook
  • Hanya KiTa
  • Login form
    This is
    IP
    Tag cloud
    sikap JAVA busana jawa hantu dunia Ghost makhluk halus Empu mpu gamelan me nephe malang STIBA java blade pasuruan kris Married mantu pengantin bromo mountain Pandangan Hidup Jawa antique Guitar kuno Music room forever culture east java friend religi adat coffe home House rizki rumah tea ruwatan garden pool name President girlfreind Moslem Girlfriends mommy girl making love Monoteism jawa Fonts memoria Friendship never dies... Babad Babat shadow puppet bharathayudha Kill Bill GAIB ghoib risky rizky darmagandhul Knight skills respati memories gatholoco wayang indonesia merdeka kamasutra seks hiking Budaya kejawen riski qur'an quran surat Heroes 3gp bokep waterfall danang doa mantra qulhu geni keris Apple nama Cute smile Rizki Yuwono Paranormal sisters Pardi Raka Indonesia

    Article


    Main » Articles » Charlatan

    AKSARA JAWA LAN PERANG DUNIA
    Aksara Jawa mono, manut dongengane, mula bukane saka paraga kang asma Aji Saka, asale saka tanah Hindustan. Ewa samono Dr. Purwadi, MHum ing buku Asal Mula Tanah Jawa, nulis yen ana dedongengan liya ngenani aksara Jawa iki, yaiku asale saka Dewa Panyarikan kang memba sawijining brahmana, aran Brahmana Srita.

    Tumurun saka kahyangan menyang tanah Hindustan kang sabanjure tumuju Tanah Jawa. Tindake menyang Tanah Jawa kakanthen dening brahmana cacah wolu. Ing Jawa para brahmana mau mulangake tulisan Jawa. Embuh endi ing antarane dongeng ing dhuwur iku sing bener. Sing genah, aksara cacah 20 kang kapantha lima-lima iku duwe kandhutan sawijining crita: Hanacaraka (ana utusan), Datasawala (padha padudon), Padhajayanya (padha digdayane), lan Magabathanga (padha dadi bathang/sampyuh).

    Ing Primbon Bektijammal Adammakna, katlesih kandhutan werdining aksara Jawa mau mangkene: Hanacaraka (ana utusan, yaiku utusane Gusti Allah, wong lanang lan wong wadon), Datasawala (utusan mau padha padu, yaiku padha campuh saresmi), Padhajayanya (padha digdayane), lan Magabathanga (lanang wadon padha sampyuh).
    Lire, donya iki dumadi saka wong lanang wadon kang mujudake utusane Gusti Allah. Lanang wadon mau padha padu tegese campuh saresmi netepi wajib anggone padha jejodhowan. Padha digdayane, ateges tandhing karosane. Sabubare saresmi biasane kaya wong kang sampyuh ing paprangan, ngglethak angler.

    Othak-athik mathuk pancen gaweyane wong Jawa. Klebu werdine aksara Jawa kang rinonce kaya iki: Ha (H)urip, Na (nur), C (cahya), Ra (roh/rasa), Ka (kumpul), Da (dadi), Ta (tetes), Sa (sawiji), Wa (wadon), La (lanang), Pa (pati), Dha (dhadhal), Ja jiwa (raga), Ya (ya Allah), Nya (nyata), Ma (manungsa), Ga (gilir gumanti), Ba (bakal), Tha (thukul), Nga (ngalam donya). Yen tembung-tembung ing dhuwur iku dironce, aksara Jawa cacah 20 iku nduweni teges: Urip (asal saka) nur cahya (lan) roh (kang) kumpul dadi tetes sawiji (nuwuhi) wadon (lan) lanang, (samangsa tumekeng) pati, (bakal) dhadhal jiwa ragane, ya Allah, nyata manungsa gilir gumanti bakal thukul (ing) ngalam donya.

    JANGKA KAMARDIKAN Ing jagad kejawen ana sawijining jangka utawa ramalan kang unine mangkene: Benjing menawi sampun wonten Pandita utawi Wiku Angesthi Sawiji, ing ngriku awit saking karsaning Sang Hyang Widi kendeling dahuru. Tanah Jawi wiwit tata tentrem. Jangka arupa candrasengkala iki tlesihane mangkene: Pandhita (7), Wiku (7), Mangesthi (8), Sawiji (1). Tibane taun Jawa 1877 utawa taun 1945 M. Jangka kasebut duwe karep, kahanan bakal tata tentrem sawise kita merdeka, yaiku taun 1945.

    Sawise merdeka, pranyata perang isih makantar-kantar. Ing jaman sawise merdeka iku mula ana maneh tetembungan kang werdine sinengker. Mangkene: Galibedan tudang-tuding kados tiyang edan, metangi sakathahing tiyang. Lan uga tetembungan: Diwolak-walik gosong. Ukara sinengker iki candhakane taun 1881 Jawa (1949 M) yaiku taun penyerahan kedaulatan saka Belanda menyang RI. Angka taun 1881 iku nuduhake tembung tudang-tuding (angka 1 cacah loro) lan tembung diwolak-walik gosong (angkane 1881 diwolak-walik sami mawon). Saliyane iku, angka 1881 yen ditulis nganggo aksara Jawa mangkene: 1 (ga), 8 (pa/aksara gedhe). Banjur dadi tulisan ga-pa-pa-ga (gak, pa-pa, gak). Karepe, ing penyerahan kedaulatan taun 1949 iku Belanda wis gak, pa-pa, gak (ora ana apa-apane), pancene kudu ngono manut jangka. Nalika jamane R Ng. Ranggawarsita, tau panjenengane ditakoni dening CF Winter, sawijining bangsa Landa kang kasengsem marang sastra Jawa.

    Pitakone mangkene, “Kyai Pujangga, manut wawasan Kyai kang waskitha, kapan kira-kira surute panguwasane Belanda ing Tanah Jawa iki?” R. Ng. Ranggawarsita kanthi aris mangsuli, yen mengko wis ana “Ori awoh gaga lan Gusti Patih wuda”, iku titi mangsane Walanda oncat saka bumi Jawa. Mesthi wae CF Winter ora ngerti apa sing dikarepake. Apa ana pring ori kok awoh pari gaga lan Gusti Patih kok ora duwe isin. Sing dikarepake unen-unen mau, Ori dudu pring nanging jenenge Gubernur Jendral Belanda. Gaga dudu pari nanging aksara Jawa “ga” jejer loro, kang tegese angka 11 (sewelas), yaiku samangsa rajane Paku Buwana XI (1939-1945). Ya ing wanci kuwi Landa bakal oncat saka Jawa.

    Dene sing dikarepake Gusti Patih wuda, yaiku patihe PB XI ingkang asma Jayanagara. Sing dikarepake wuda yaiku jenenge kang nglegena (Jayanagara), aksara Jawa yen ora disandhangi disebut nglegena (wuda). PERANG DUNIA I LAN II Kang pungkasan, yaiku sesambungane aksara Jawa klawan Perang Dunia I lan II. Perang Dunia I suwene limang taun, yaiku 1914-1918. Angka taun 1914 yen digunggung ketemu angka 15 (1+9+1+4). Angka 15 kagunggung maneh candhakane angka 6. Sabanjure angka taun 1915, 1916, 1917, lan 1918, yen digunggung kaya cara ing dhuwur iku bakal ketemu candhakan angka, 7, 8, 9, lan 10.

    Angka-angka candhakan 6, 7, 8, 9, 10, yen dilebokake ing wilangan aksara Jawa ketemu aksara Da, Ta, Sa, Wa, La (padha padu utawa perang). Pancen bener, taun 1914-1918 ana perang. Semono uga tumrap mbledhose perang Dunia II kang uga 5 taun suwene, yaiku 1941-1945. Yen angka-angka taun 1941-1945 kita gunggung nganggo cara ing ndhuwur, uga bakal ketemu angka 6, 7, 8, 9, 10. Persis uga kepethuk maneh aksara Datasawala kang ateges ing taun-taun iku dumadi perang. Apa besuk yen bledhos Perang Dunia III taune uga cocog maneh kaya ing dhuwur iku? Mung Gusti Allah sing pirsa.

    Category: Charlatan | Added by: respati (2009.06.06) | Author: Rizki Yuwono, SS
    Views: 1165 | Tags: jawa, Fonts | Rating: 0.0/0
    Total comments: 0
    Only registered users can add comments.
    [ Registration | Login ]
    Copyright Alamalam © 2024